Naskah Khutbah Jum'at Bahasa Jawa : Rezekine Tiang Iman lan Taqwa

- 3 Februari 2022, 21:30 WIB
Teks Khutbah Jum'at Bahasa Jawa
Teks Khutbah Jum'at Bahasa Jawa /Pexels.com / Becca Siegel

Meniko katah contoh wonten ing lingkungan kito sedoyo arupi tiang ingkang nyambut damel mboten ningali wekdal. Mulai enjing dumugi ndalu, dumugi enjing malih, nanging anggenipun nyambut damel mboten ngasilaken ingkang katah lan nyekapi dateng nopo ingkang dipun kersaaken. Naging sakwangsulipun, katah tiang ingkang nyambut damelipun santai, mboten ngoyo, saget ibadah kalian tenang, nanging rezekinipun lancar lan katah. Keluarganipun ugi sami sehat, ayem, lan anteng sedoyo.

Baca Juga: Gus Baha: Memaklumi Perbedaan Dengan Orang Lain Itu Harus

Niki-niki dados renungan kito sedoyo, dene nyambut damel pados rezeki niki kedah dipun niati kangge sangu ngibadah. Ampun saksampunipun kita nyambut damel lan angsal rezeki, kito malah mboten nindaaken kewajiban ibadah alias ninggalaken ingkang dados pokoke gesang wonten ing alam dunio.

Rasulullah sampun dawuh wonten ing hadits ingkang dipun riwayataken saking Imam Tirmidzi:


عَنْ عُمَرَ رَضِيَ اللهُ عَنْهُ قَالَ:سَمِعْتُ رَسُولَ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يَقُولُ:لَوْ اَنَّكُمْ تَتَوَكَّلُونَ عَلَى اللهِ حَقَّ تَوَكُّلِهِ لَرَزَقَكُمْ كَمَا يَرْزُقُ الطَّيْرَ, تَغْدُو خِمَاصًا وَتَرُوحُ بِطَانًا.

Hadits meniko ngengetaken dateng kito sedoyo bilih menawi kito tawakkal, yekti Allah bakal paring rizeki dateng kito kados Allah nyukani rezeki dateng manuk. Manuk meniko mboten gadah raos was-was nopo rezeki dinten meniko. Manuk namung tandang makaryo wiwit enjing dugi sonten. Bidal medal kalihan weteng ngeleh, nanging saget wangsul kalihan weteng wareg angsal rezeki saking Allah swt.

Baca Juga: Gus Baha : Pentingnya Ilmu Fiqih Terhadap Ilmu Tasawuf

Ma’asyiral Muslimin sidang Jumat ingkang kawulo hormati

Saking nopo ingkang sampun dipun terangaken meniko, monggo sami noto ati lan mbagusi niat gesang wonten ing alam dunyo meniko. Kito dipun damel deneng Allah swt wonten ing dunyo meniko anamung kangge ibadah nyembah dateng Allah swt. Lan sampun dados kapesten, dene kito ampun supe sedoyo wonten ing dunyo meniko sampun dipun kersaaken Allah swt.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْأَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ، وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Halaman:

Editor: Abdul Barih

Sumber: NU Online


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah