Naskah Khutbah Jum'at Bahasa Jawa : Rezekine Tiang Iman lan Taqwa

- 3 Februari 2022, 21:30 WIB
Teks Khutbah Jum'at Bahasa Jawa
Teks Khutbah Jum'at Bahasa Jawa /Pexels.com / Becca Siegel

Golongan tiang mukmin (tiang ingkang iman) lan muttaqin (tiang ingkang takwa) meniko, miturut Allah swt, inggih puniko golongan ingkang bade dipun tulung lan dipun panggenakan wonten ing papan palenggahan ingkang sae. Tiang iman lan takwa ugi bade tansah dipun sukani dalan saking sedoyo keruwetan gesang wonten ing alam dunyo. Golongan ingkang saget terus nguataken iman lan takwa ugi bade dipun sukani rezeki saking arah ingkang dipun mboten nyono-nyono.

Meniko sampun dipun tegesaken deneng Allah swt wonten ing Al-Qur’an surat ath-Thalaq ayat 2:

وَمَنْ يَّتَّقِ اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّهٗ مَخْرَجًا

Ayat meniko negesaken dateng sinten mawon ingkang takwa utowo wedi dateng Allah swt, moko tiang niku bade dipun gampangake dalanipun saking perkoro ingkang angel.

Baca Juga: NASKAH KHUTBAH JUMAT: Menyiapkan Bekal untuk Hidup di Akhirat yang Kekal

Ayat meniko lajeng dipun terasaken kalian ayat selajengipun inggih puniko ayat ketigo:

وَّيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُۗ وَمَنْ يَّتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِ فَهُوَ حَسْبُهٗۗ اِنَّ اللّٰهَ بَالِغُ اَمْرِهٖۗ قَدْ جَعَلَ اللّٰهُ لِكُلِّ شَيْءٍ قَدْرًا

Artosipun : “Allah paring rezeki marang wong iku soko kang ora kiniro-iro. Sing sopo sumarah pasrah ing Allah, panjenengaNe (Allah) bakal anyukupi marang dheweke. Mangertio sanyoto Allah iku mesthi angleksonoake prekoroNe, Allah andamel samubarang iku wus kanthi papestheNe”.

Baca Juga: NASKAH KHUTBAH JUMAT: Bahaya Sifat Hasad bagi Pribadi dan Sosial

Ma’asyiral Muslimin sidang Jumat ingkang minulyo

Halaman:

Editor: Abdul Barih

Sumber: NU Online


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah